Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan

- 29 Juni 2022, 10:52 WIB
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan /Pixabay.com/Makalu.

Mila, mangga kita korban sawetawis arta banda kita, tenaga lan pikiran kita, sawetawis kesagedan kita, sawetawis kepentingan pribadi kita, supados kita dados tiyang sae. Mila mangga, kita korbanaken sawetawis wekdal lan kesempatan kita kangge bergaul lan ngabdi dateng masyarakat . Sampun ngantos kita gesang wonten tengah masyarakat, tapi kita malah mboten srawung kalih masyarakat. Mangga kita korbanaken sawetawis eca lan nikmatipun kita tilem kangge ngibadah dateng Allah, lajeng kangge tafakkur, saking pundi asal kita, sak leresipun kangge menapa kita dipun paringi gesang, lajeng bade dateng pundi kita menika. Mangga kita sami ngangen-angen, ndalu dalu ingkang sepen punika, sepinten lepat lan dosa kita, ketam bahan mboten usah ngeling-eling ngamal kita ingkang ketingale sae.

Malaikat Jibril pernah berpesan kepada Rasulullah Saw sebagaimana dinyatakan dalam hadits :

عن سهل بن سعد قال : جاء جبريل عليه السلام إلى النبي صلى الله عليه و سلم فقال : يا محمد

عش ما شئت فإنك ميت و احبب من أحببت فإنك مفارقه و اعمل ما شئت فإنك مجزي به ثم قال : يا محمد شرف المؤمن قيام الليل و عزه استغناؤه عن الناس .

Sahl bin Sa`d ngendika, “Jibril as sowan Kanjeng Nabi saw lajeng matur, “Muhammad, mangga gesang sak kersa panjenengan, toh mangkenipun panjenengan bade seda. Mangga panjenengan asihi tiyang ingkang panjenengan asihi, toh mangke bade pisah kaliyan panjenengan. Mangga panjenengan ngamal sak kersa penjenengan, toh panjenengan bade pikantuk piwales ngamal wau. Lajeng malaikat Jibril matur malih, “Muhammad, kamulianipun setunggaling tiyang mu`min menika ngibadah ndalu, dene kiyat lan prakosanipun menika gumantung sepinten anggenipun tiyang wau mboten ngendel-endelaken tiyang sanes.” Riwayat Al-Hakim lan Al-Baihaqi.

Lajeng kita mboten kenging supe, kita ugi kadhawuhan njagi anak turun kita supados dados tiyang sae lan mboten kecemplung neraka..

قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

“Jaganen awakmu lan kawulawargamu saka neraka.”

الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد

Dados, wosipun, Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya, supados angsal kesaenan, kita kedah berjuang, berjuang kedah purun korban, punika mesthi, kados ingkang sampun dipun contoaken panjenenganipin Nabi Ibrahim sak garwa putra =`alaihimus slam- , ingkang mergi sanget spektakuler lan monumental, kita para manungsa kadhawuhan ngeling-eling lan memeperingati saben tahun, nggih menika kanthi upacara `Iedul Adl-ha kados enjing menika. Kepengin sae tapi mboten kersa usaha lan korban, naminipun ngalamun.

بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم. ونفعنى وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم. وتقبل منى ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم. بسم الله الرحمن الرحيم

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x