Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan

- 29 Juni 2022, 10:52 WIB
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan /Pixabay.com/Makalu.

Enjing menika, jutaan tiyang Islam kempal wonten tanah suci Makkah lan sekitaripun, perlu nglampahi ibadah haji sak ubarampenipun pindah. Sedaya sami rawuh saking pundit- pundit, klebet saking negari kita Indonesia, namung nderek timbalanipun Allah, sami ninggalaken kenikmatan duniawi, ninggalaken kempal kaliyan sanak sederek lan kanca srawungiupun, ngorbanaken arta bandha ingkang dipun sayangi, malah wonten ingkang kepeksa seda wonten mrika.

Ngagem ageman ihram, sami kempal wonten Arafah, kanthi pengajeng-ajeng, sedaya sami eling, bilih mangkenipun, tanpa pilih-pilih, kita sedaya sami pejah.. lan umumipun dipun bungkus lawon pethak. Ugi supados sadar bilih tiyang menika saestunipun sami kemawon, ingkang mbentenaken namung takwanipun.

الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد

Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

Menawi sampun sadar, kita sedaaya kados mekaten, mila patut sanget, wonten riyadi Qurban punika, riyadi kangge ngeling-eling korbanipun Nabi Ibrahim sak garwa putra -`alaihimus salam- kita gragapi awak kita, menapa kemawon ingkang sampun kita korbanaken supados kita klebet tiyang ingkang takwa, minangka syarat, supados kita saged wilujeng lan mlebet suwarga. Wonten surah Ali `Imran 142 Allah ngendika mekaten :

أَمْ حَسِبْتُمْ أَن تَدْخُلُواْ الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَعْلَمِ اللَّهُ الَّذِينَ جَاهَدُواْ مِنكُمْ وَيَعْلَمَ الصَّابِرِينَ

“Apa sira kabeh padha ngira yen arep mlebu suwarga, ing mangka during cetha tumrap Gusti Allah, sapa ing antaramu sing berjuang -ana dalane Gusti Allah – lan uga durung cetha sapa-sapa sing sabar narima.”

Ayat menika maringi piwucal, supados dados tiyang sae, takwa, hengga pantes mlebet suwarga menika setunggaling tiyang kedah berjuang, lan berjuang mesthi korban.

الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد

Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya.

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x