Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan

- 29 Juni 2022, 10:52 WIB
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan
Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Pengorbanan dan Perjuangan /Pixabay.com/Makalu.

الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد

Mangga, kita dingklukaken jiwa lan manah kita, wonten ngersanipun Allah Ingkang Maha Agung. Kita bucal tebih sifat angkuh lan sombong ingkang malah bade ndadosaaken kita tebih saking Penjenenganipun. Keagungan kita ingkang kados menapa kemawon, kita punika alit wonten ngersanipun Allah. Kados menapa kemawon kiat kita, kita tetep apes wonten ngersanipun Allah. Kadosa menapa kemawon kekuasaan lan wibawa kita, kita mboten wonten menapa-menapanipun menggah Allah.

Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

Kita ngaturaken syukur dateng Allah Swt dipun dadosaken minangka tiyang Islam. Langkung syukur malih kita dipun panggenaken wonten lan dados bangsa Indonesia. Kita mboten ketabrak kekirangan pangan nasional ngantos kangge nedi kemawon ngendelaken bantuan internasional kados salah setunggal negari Afrika.Kita mboten kedah ngutahaken rahipun tiyang kathah lan mboten kedah ngorbanaken nyawa, naming kangge nggantos panguwaos ingkang eca sekeca nglenggahi kursi nipun ngantos supe ngadeg, ujare tiyang kathah. Panguwaaos ingkang langkung nengenaken betahipun piyambak ketimbang rakyat.

Leres, punika mboten berarti para panguwaos lan ingkang sami ngatur negari lan pemerintahan wonten Indonesia sampun maremaken rakyat, mboten. Saged kita tingali wonten koran, majalah, radio lan Tivi, tasih kathah ingkang sak leresipun mboten pantes lenggah wonten mriku. Tasih kathah ingkang njengkelaken lan damel sakitipun manahe rakyat.

Tiyang-tiyang kalawau, ngatur negari lan pemerintahan, kadosngatur barang warisn saking mbah-mbahipun piyambak. Tiyang-tiyang wau nganggep, bilih sintena kemawon ingkang mboten wonten kaitanipun kalihan pemerintahan, duka dados pejabat, duka naming aparat pemerintah biasa, saged dipun othak-athik sasekecane piyambak, kados sanes sami dene rakyat Indonesia. Menawi kaleresan setunggal wekdal, tiyang-tiyang wau saged nyaluraken dana saking negari kangge rakyat, senaos janipun sanget alit dibanding ingkang sak mesthinipun, . sami rumaos sampun ageng jasanipun dateng rakyat.

Mila.mangga kita dongaaken mawon, menawi tiyang-tiyang wau menggah Gusti Allah, mangkene husnul-khatimah, mugi ndang diparingi tobat, dados mboten kathahen dosanipun. Ning, menawi menggah Panjenenganipun, mangkene badhe suul khatimah., mpun ndang diparingi sakit nemen ingkang mboten mantun-mantun mawon, kersane mboten saged napa-napa, utawi ndang dipun pundut mawon, utawio mangga kersane Gusti Allah dipun napaaken, sing baken lampahanipun ingkang nerak kamanungsan mandeg. Stop. Titik Allahumma Amien.

Mangga dipun amini :

اللهم بحق الحسن وأخيه ، وجده وأبيه ، وأمه وبنيه ، نجنا من الغم الذى نحن فيه ، يا حي يا قيوم، نسألك أن تنور قلوبنا بنور معرفتك

Jama`ah shalat `Iedul Adl-ha ingkang minulya..

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x