Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha

- 4 Juli 2022, 07:45 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha /pexels.com/pixabay.

Pramila saking punika, supados kita boten nyimpang saking hadis Rasul ing nginggil, sayogyanipun inggih nindakaken kurban. Kita sisihaken saperangan harta kagungan kita kagem sarana nindakaken kurban ing dinten riyaya.

Langkung-langkung manawi sampun sesemahan, miturut madzhab syafi’i kaprayogekaken nindakaken kurban minongka nglampahi sunnah kifayah ateges sunnah nalika wonten ing satunggaling kulawarga wonten ingkang nindakaken utawi anglampahi maka hukum sunnah kalawau karampungaken.

Cobi dipun emut, punapa ingkang sampun kadhawuhaken dening Ibnu ‘Abbas bab Kurban puniki. Lamun sadhengah pawongan boten kuwawi kurban sarana domba utawi menda, prayoganipun ing dinten ariyaya ‘Idul adha nindakaken kurban sanadyan namung sarana ayam, itik, kelinci lan sanes-sanesipun minongka wujud iraqotud dam.

Kaping kalih, ngibadah Kurban punika minongka wujud kesadaran ing yen ta manungsa amung titah sawantah ingkang boten anggadhahi punapa-punapa lan boten anggadhahi daya kuwasa punapa-punapa.

Kedah dipun emut-emut lelampahanipun tiyang kekalih ingkang sampun nindakaken kurban ing ngarsaning Allah neggih Habil, Nabi Adam kang putra ingkang sampun karsa ngurbanaken domba ingkang paling sae piyambak, sarta pangorbananipun Nabi Ibrahim ingkang tansah pasrah sumarah mring titahing Allah supados ngurbanaken putranipun ingkang paling dipun trensani piyambak, Ismail, nadyan ta ing wusana Ismail kagantos domba dening Allah SWT.

Cariyos kekalipun kalawau minongka piwulang tumrap kita. Sumangga kita ngurbanaken bandha donya kita kagem Allah SWT. Sumangga ngorbanaken wekdal kita kagem nindakaken sholat berjama’ah. Sumangga kita ngorbanaken wekdal kagem ningali TV kagem maos ayat-ayat al-Qur’an. Sumangga kita ngorbanaken wekdal sare kita kagem munajat ndhedheple wonten ngarsaning Allah SWT wanci tengahing ratri.

Kaping tiga, samangsanipun kita sampun nindakaken kurban, sayogyanipun sadaya daging kaparingaken mring tiyang miskin utawi ugi pareng marang tiyang sugih.

Sanadyan ta kita kaparengaken nedha dumugi sapratelon saking dagingipun, ananging ingkang langkung prayogi namung mundhut sacekapipun utawi wonten tembung fiqh, sinebat luqmatun utawi luqoimaatun (satunggal pulukan atau pinten-pinten pulukan alit) minongka sarana kaalap sawab barokah saking ngibadah kurban kasebut.

Ingkang langkung utami kagem sarana den alab barokahipun inggih punika peranganing atinipun hewan kurban. Awit nuladha Rasulullah SAW (ittiba’urrasul) lan nedya supados kita saged mlebet swargi langgeng lan sagen ngrahapi wiwitaning tetedhan ingkang kaparingaken maring warganing swarga inggih punika ati (tafaaulan).

Kenging punapa sayogyanipun sedaya daging kakurbanaken lan amung sakedhik ingkang katedha piyambak? Supados kita tuhu-tuhu ikhlas anggenipun nindakaken kurban minongka kapentinganipun Allah SWT.

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x