Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha

- 4 Juli 2022, 07:45 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tema Hari Raya Kurban Idul Adha /pexels.com/pixabay.

اِنَّآ اَعْطَيْنٰكَ الْكَوْثَرَۗ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْاَبْتَرُ

Artosipun: (He Mukhammad) Ingsun paring bengawan kang aran Kaotsar marang sira. Mulane sira sembahyanga riaya, lan nyembeleha kurban. Satemene wong kang sengit ing sira iku wong kang pedhot becike. (QS. Al-Kautsar, 1-3).

Ayat kalawau dipun kiyati dening satunggal hadis, ungelipun makaten.

مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ وَلَمْ يُضَحِّ, فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا

Artosipun: Sing sapa wonge katemben aneng kalodhangan (bab harta) ananging nora gelem anindakake ngibadah kurban maka aja pisan-pisan nyedhaki papan panggonan sembahyange kita.” (HR. Ibnu Majah (3123), Ahmad (2/321), al-Hakim (4/349), ad-Daruquthni (4/285), al-Baihaqi (9/260).

Dalil kekalih kalawau minongka dhasaran tumrap madzhab Hanafi kagem hanyatakaken ing yenta ngibadah Kurban punika WAJIB hukumipun tumrap sok sinten ingkang kuwawi nindakaken kurban lan boten saweg tetindakan.

Miturut madzhab Syafi’i, hukuming Kurban sanes wajib, ananging sunnah muakkadah. Kados ingkang sampun dipun lampahi dening Abu Bakar lan Umar minongka bukti bilih kurban punika boten wajib.

Abu Bakar lan Umar nate boten nindakaken ngibadah kurban. Boten kurbanipun Abu Bakar punika ngemu suraos supados Kurban punika boten den anggep wajib dening para umat

Madzhab Syafi’i ugi anggadhahi pamanggih bilih hadis ingkang dipun riwayataken dening Imam Tirmidzi (aku den prentah supaya nindakake kurban lan kurban iku sunnah ingatase sira kabeh) saha Imam Daruquthni (den wajibake ing atasku nindakake kurban lan ora den wajibake tumrap sira kabeh) punika angandharaken bilih Kurban punika ibadah wajib menggah Rasulullah SAW kewala, boten kawajibaken menggah umate. Tumrap umat Islam, kurban punika amung sunnah.

Hukum Wajib miturut madzhab hanafi lan Sunnah Muakkadah miturut madzhab syafi’i ngemu suraos tigang perkawis.

Sapisan, ngibadah Kurban punika ngibadah ingkang wigatos. Wonten salebeting hadis sampun katrangaken bilih sautama-utamaning amalan rikala dinten ariaya ‘idul adha inggih punika iroqutud dam (mragat hewan kurban ).

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x