Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS

- 23 Juni 2022, 10:30 WIB
Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS
Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS /Via/Pixabay.com/ hezhichengcn

Perkawis punika selaras kalian dawuhipun Allah Swt wonten surat Al-Ankabut ayat 3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَلَقَدْ فَتَنَّا ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَلَيَعْلَمَنَّ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ صَدَقُوا۟ وَلَيَعْلَمَنَّ ٱلْكَٰذِبِينَ

Artosipun: Sak temene Ingsun Allah wus nguji marang wong-wong kang sak durunge deweke, supaya Allah mangertosi endi wong-wong kang temen-temen iman marang Allah, lan endi-endi wong-wong kang pada goroh dumateng perintahipun Allah (Q.S. Al-Ankabut: 3).

Hikmah angka tiga, Cinta dumateng Allah niku sampun final, ampun ngantos cinta kita dumateng makhluk ngalahaken raos cinta dumateng Allah. Bilih ing sak lebetipun diri manungsa wonten ati, akal, lan hawa nafsu. Hawa nafsu condong dumateng perkawis-perkawis ingkang sifatipun materi kados bandho dunyo, rojo bondho lan lintu-lintunipun. Sedaya niku wahu mengarah dumateng kepuasan lan kemareman pribadi, sahingga kita dipun emutaken dening Allah wonten ing surat Al-Kahfi ayat 46:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

ٱلْمَالُ وَٱلْبَنُونَ زِينَةُ ٱلْحَيَوٰةِ ٱلدُّنْيَا ۖ وَٱلْبَٰقِيَٰتُ ٱلصَّٰلِحَٰتُ خَيْرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلًا

Artosipun: Rojo bondho lan putra putri iku mung pepaes urip ing ngalam dunyo, lan amal-amal sholih kang langgeng iku luwih bagus ganjarane tumrap Pangeran iro lan luwih bagus kanggo diarep-arep (Q.S Al-Kahfi: 46).

Saking ayat ing inggil, cetho sanget bilih putra putri lan rojo bondho punika lambang kemareman dunyo, ingkang tansah dipun gandrungi dening para manungso. Kamongko, hakikatipun putra putri lan rojo bondho punika dados alat ingkang dipun ginaaken dening Allah kagem nguji ketakwaan lan keimanan para manungso. Allah dawuh wonten surat Al-Anfal ayat 28:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah