Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS

- 23 Juni 2022, 10:30 WIB
Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS
Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS /Via/Pixabay.com/ hezhichengcn

وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًا ، وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى ٱللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُۥٓ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ بَٰلِغُ أَمْرِهِۦ ۚ قَدْ جَعَلَ ٱللَّهُ لِكُلِّ شَىْءٍ قَدْرًا

Artosipun:

Sing sapa wonge takwa marang Allah, mangka Allah bakal paring dalan metu saka kerupekan. Lan Allah bakal paring rizki saka dalan kang ora kanyono-nyono, lan sapa wonge kang tawakkal, pasrah dumateng Allah, maka Allah bakal nyukupi kebutuhane, lan sak temene Allah sampun netepi saben-saben perkara (QS. At-Tholaq: 2-3).

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Saking peristiwa kasebat saged kita pendet hikmahipun, ing antawisipun:

Hikmah angka setunggal, bilih sak temene tiyang ingkang nejo ibadah utawi taqarrubdumateng Allah niku mesthi badhe ngadepi ujian-ujian ingkang mboten ringan. Kados dawuhipun Imam Ghozali ing kitab Minhajul ‘Abidin:

اِنَّهُ لاَ عِبَادَةَ وَفِى نَفْسِهَا مَشَقَّةٌ اِذْ لَا يَتَأَتَّى فِعْلُ الْعِبَادَةِ اِلَّا بِقُمْعِ الْهَوَى وَ قَهْرُ النَّفْسِ إِذْ هِيَ زَاجِرَةُ عًنِ الْخًيْرِ وَمُخَالَفَةُ الْهَوَى وَقَهْرُ النَّفْسِ مِنْ اَشَدِّ اْلاُمُوْرِ عَلَى الْاِ نْسَانِ

Artosipun: Sak temene ora ana ibadah, kejaba ing sak jroning ibadah iku mesti ana rasa abot, kerono ibadah iku ora bakal iso dilakoni kejobo kelawan meksa hawa nafsu. Nulayani hawa nafsu lan meksa hawa nafsu iku setengah saking perkara kang banget abote mungguhe manungsa.

Hikmah angka kalih, keimanan lan ketakwaan kulo lan panjenengan nalikane badhe diangkat dening Allah, mila Allah paring ujian rumiyin. Perlu dipun mangertosi bilih saya inggil keimanan lan ketakwaan, maka soyo ageng ujian ingkang badhe dipun tampi. Kanjeng Nabi Muhammad Saw nate dipun suwuni pirsa dening sahabat Sa’ad bin Abi Waqos: “Ya, Raululullah, sinten ingkang paling awrat ujianipun ing dunya punika?” Kanjeng Nabi Saw njawab: اَشَدُّ بَلَإءً اَلْاَنْبِيَاءُ ثُمَّ الْعُلَمَاءُ ثُمَّ اْلاَمْثَلُ فَالْاَمْثَلُ artosipun: ujian kang paling abot yaiiku ujiane para Nabi, nuli para Ulama, nuli para wong-wong kang punika lan sak terusipun.

Halaman:

Editor: Apriani Alva


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah