Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS

23 Juni 2022, 10:30 WIB
Khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa Tentang Meneladani Iman dan Taqwa Nabi Ibrahim AS /Via/Pixabay.com/ hezhichengcn

JOMBANG UPDATE - Catat teks Khutbah Idul Adha 2022 bahasa Jawa tentang meneladani iman dan takwa Nabi Ibrahim AS.

Khutbah Idul Adha 2022 bahasa Jawa biasa dibacakan khatib setelah melakukan shalat Hari Raya Qurban.

Teks Khutbah Idul Adha 2022 bahasa Jawa bisa menjadi alternatif naskah ceramah bagi masyarakat di sekitar Jawa Timur dan Jawa Tengah.

Baca Juga: Teks Khutbah Idul Adha 2022 Singkat Penuh Haru dan Makna dengan Judul Hikmah di Bulan Zulhijah

Momen Idul Adha menjadi waktu yang tepat bagi umat Islam untuk kembali meneladani kisah Nabi Ibrahim dengan putranya Nabi Ismail.

Berikut JOMBANG UPDATE mengutip teks khutbah Idul Adha 2022 dari laman NU Ponorogo.

Teks Khutbah Idul Adha 2022 bahasa Jawa ini ditulis oleh Ketua Lembaga Dakwah PCNU Ponorogo, K. Moh. Nur Sholihin.

Teks Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa - Nderek Nabi Ibrahim AS ing Babagan Iman lan Taqwa

الخطبة الاولى

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلله اَكْبَر 3× ، اَلله اَكْبَر 3× ، اَلله اَكْبَر 3×

الله اكبر كبيرا والْحَمْدُ ِلله ِكَثِيرْاً وَّسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلاً ، لآ اِلهَ الاَّ الله وَالله ُاَكْبَر، اللهُ اَكْبَر وَلِله الْحَمْد.

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى اصْطَفَى اِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلاَم خَلِيْلاً ، وَجَعَلَهُ لِلنَّاسِ إِمَامًا ، إنَّهُ كَانَ صِدِّيْقاً نَبِيًّا. أشْهَدُ اَنْ لآ اِله الاّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه ، الّذِى لَمْ يَتَّخِذ صَاحِبَهُ وَلاَ وَلداً ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه الْمَبْعُوْثُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا ، وَصَلّى الله على سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِه بُكْرَةً وَاَصِيْلاً وَسَلّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

امّا بَعْدُ : فَيَآ أيُّهَا النّاسُ رَحِمَكُمُ الله.. إتَّقُوااللهَ َواَطِيْعُوهُ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْن، وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيدِ اْلاَكْبَر. قَدْ رَفَعَ اللهُ قَدْرَهُ وَاَظْهَره وَسَمَّاهُ يَوْمَ الْحَجِّ اْلاَكْبَر ، فَإِنَّ الله َابْتَلَى خَلِيْلَهُ اِبْرِهِيْمَ فِيْهِ حَيْثُ اَمَرَهُ بِذَبْحِ وَلَدِهَ فَاَمْتَثَلَ اَمْرَهُ فِيهِ ، وَلِذَا سُمِّيَ يَوْمُ النَّحْرِ

اَلله اَكْبَر ، الله اَكْبَر ، الله اَكْبَر وَلله الحَمْد

Kaum Muslimin lan Muslimat rahimakumullah,

Mangga sareng-sareng emut, bilih estu Allah Swt menika Dzat ingkang Maha Agung, Dzat ingkang sampun nakdirake kulo lan panjenengan sedaya saged makempal ing masjid punika, saperlu nindakake salat Idul Adha lan menghayati hikma-hikmah ingkang kawengku ing sak lebetipun peringatan Idul Adha menika. Pramila wonten ing kesempatan puniko, kawula pesen kagem pribadi kulo piyambak, khususipun, lan dumateng para hadirin-hadirat sedaya, umumipun, sumangga kita tingkataken kualitas iman lan takwa kita dumateng Allah Swt wonten ing saben-saben kahanan, kanthi ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah-perintahipun, lan nebehi napa ingkang dados awisan-awisanipun.

Kedadosan sejarah ingkang perlu kula lan panjenengan emut-emut, lan ditauladani wonten ing riyadin Idul Adha inggih punika tugas, lan perintah ingkang awrat sanget, ingkang diamanahaken Allah Swt dumateng Nabiyullah Ibrahim A.S lan putranipun Nabiyullah Ismail A.S (إِنَّ هذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِيْنُ), sak temene perintah punika dados ujian ingkang nyata. Allah Swt wonten surah As-Shoffat ayat 100-106 paring dawuh:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ، فَبَشَّرْنَٰهُ بِغُلَٰمٍ حَلِيمٍ ، فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعْىَ قَالَ يَٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلْمَنَامِ أَنِّىٓ أَذْبَحُكَ فَٱنظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ، فَلَمَّآ أَسْلَمَا وَتَلَّهُۥ لِلْجَبِينِ ، وَنَٰدَيْنَٰهُ أَن يَٰٓإِبْرَٰهِيمُ ، قَدْ صَدَّقْتَ ٱلرُّءْيَآ ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلْبَلَٰٓؤُا۟ ٱلْمُبِينُ

Artosipun: Duh Pangeran kawula, mugia panjenengan paring dumateng kawula putra ingkang sholih. Nuli Ingsun Allah paring Nabi Ibrahim putra ingkang banget sabare. Nalikanee putra wau sampun umur dewasa, sampun nyambut damel sesarengan Ramanipun, kang inggih Nabi Ibrahim A.S, nuli Nabi Ibrahim A.S nimbali ingkang Putra, yaiku Nabi Ismail A.S: “He, Anakku, sak temene Aku weruh ing jeruning impenku, Aku diperintah Allah Swt nyembelih sliramu, Aku angen-angen, piye yen menurut sliramu?” Kang Putra (Nabi Ismail A.S) njawab: “Rama, napa ingkang dados perintahipun Allah Swt Panjenengan lampahi kemawon, insya Allah Panjenengan badhe manggihi kula klebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar. Nuli Nabi Ibrahim A.S ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah punika, Nabi Ibrahim A.S lan ingkang Putra (Nabi Ismail A.S) sampun pasrah dumateng perintahipun Allah Swt. Nalika pipinipun Nabi Ismail A.S ditempelaken ing lemah, nuli Allah Swt nimbali Nabi Ibrahim A.S: “He, Ibrahim, saktemene sliramu wus netepi perintah kang saka impen iku, lan saktemene kanthi cara kang kaya mengkana iku, ingsun mbales wong-wong kang agawe kabecikan. Lan saktemen kedadehan iku dadi ujian kang nyata (QS. As-Shoffat 100-106).

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Saking nukilan ayat ing inggil cetha sanget bilih Nabi Ibrahim A.S lan Nabi Ismail A.S nampi printah saking Allah Swt, perintah ingkang luar biasa awratipun. Nabi Ibrahim A.S ingkang wekdal punika sanget ngarepaken anggadahi putra ingkang dipun ajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun.Ananging sak sampunipun dunga lan napa ingkang dados pamandutipun dipun kabulaken dening Allah Swt, dibuktikan kanthi lahiripun bayi ingkang dipun paringi asma Ismail. Lajeng nalika ngancik dewasa, Nabi Ibrahim A.S pikantuk perintah saking Allah SWT supados mragat putra kinasihipun.

Saking peristiwa menika kita mangertos bilih kesabaran lan ketakwaan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail diuji dening Allah. Menawi namung adhedasar pertimbangan akal kemawon, tamtu langka sanget nampi kasunyatan punika. Nanging, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ing dalem kahanan kang rupek, nanging Panjenenganipun kekalih tetep yakin bilih taat dumateng perintahipun Allah punika ingkang dados tujuanipun gesangipun. Punapa kemawon mboten wonten ingkang saget nggantos setunggaling ketaatan dumateng Allah. Kanthi raos sabar ingkang luar biasa, perintah kasebat dipun laksanaaken. Estu, mboten kanyono-nyono, kanti bekal ketaatan, kesabaran, keikhlasan lan kepatuhan ing ndalem melaksanakan perintah Allah. Nalika Nabi Ibrahim badhe mragat Nabi Ismail, sak kedeping netro, Allah ngganthos posisi Nabi Ismail kanthi setunggaling mendho dumba.

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Ketakwaan menika selaras kalian dawuhipun Allah wonten surat At-Tholaq ayat 2-3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجْعَل لَّهُۥ مَخْرَجًا ، وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى ٱللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُۥٓ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ بَٰلِغُ أَمْرِهِۦ ۚ قَدْ جَعَلَ ٱللَّهُ لِكُلِّ شَىْءٍ قَدْرًا

Artosipun:

Sing sapa wonge takwa marang Allah, mangka Allah bakal paring dalan metu saka kerupekan. Lan Allah bakal paring rizki saka dalan kang ora kanyono-nyono, lan sapa wonge kang tawakkal, pasrah dumateng Allah, maka Allah bakal nyukupi kebutuhane, lan sak temene Allah sampun netepi saben-saben perkara (QS. At-Tholaq: 2-3).

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Saking peristiwa kasebat saged kita pendet hikmahipun, ing antawisipun:

Hikmah angka setunggal, bilih sak temene tiyang ingkang nejo ibadah utawi taqarrubdumateng Allah niku mesthi badhe ngadepi ujian-ujian ingkang mboten ringan. Kados dawuhipun Imam Ghozali ing kitab Minhajul ‘Abidin:

اِنَّهُ لاَ عِبَادَةَ وَفِى نَفْسِهَا مَشَقَّةٌ اِذْ لَا يَتَأَتَّى فِعْلُ الْعِبَادَةِ اِلَّا بِقُمْعِ الْهَوَى وَ قَهْرُ النَّفْسِ إِذْ هِيَ زَاجِرَةُ عًنِ الْخًيْرِ وَمُخَالَفَةُ الْهَوَى وَقَهْرُ النَّفْسِ مِنْ اَشَدِّ اْلاُمُوْرِ عَلَى الْاِ نْسَانِ

Artosipun: Sak temene ora ana ibadah, kejaba ing sak jroning ibadah iku mesti ana rasa abot, kerono ibadah iku ora bakal iso dilakoni kejobo kelawan meksa hawa nafsu. Nulayani hawa nafsu lan meksa hawa nafsu iku setengah saking perkara kang banget abote mungguhe manungsa.

Hikmah angka kalih, keimanan lan ketakwaan kulo lan panjenengan nalikane badhe diangkat dening Allah, mila Allah paring ujian rumiyin. Perlu dipun mangertosi bilih saya inggil keimanan lan ketakwaan, maka soyo ageng ujian ingkang badhe dipun tampi. Kanjeng Nabi Muhammad Saw nate dipun suwuni pirsa dening sahabat Sa’ad bin Abi Waqos: “Ya, Raululullah, sinten ingkang paling awrat ujianipun ing dunya punika?” Kanjeng Nabi Saw njawab: اَشَدُّ بَلَإءً اَلْاَنْبِيَاءُ ثُمَّ الْعُلَمَاءُ ثُمَّ اْلاَمْثَلُ فَالْاَمْثَلُ artosipun: ujian kang paling abot yaiiku ujiane para Nabi, nuli para Ulama, nuli para wong-wong kang punika lan sak terusipun.

Perkawis punika selaras kalian dawuhipun Allah Swt wonten surat Al-Ankabut ayat 3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَلَقَدْ فَتَنَّا ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَلَيَعْلَمَنَّ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ صَدَقُوا۟ وَلَيَعْلَمَنَّ ٱلْكَٰذِبِينَ

Artosipun: Sak temene Ingsun Allah wus nguji marang wong-wong kang sak durunge deweke, supaya Allah mangertosi endi wong-wong kang temen-temen iman marang Allah, lan endi-endi wong-wong kang pada goroh dumateng perintahipun Allah (Q.S. Al-Ankabut: 3).

Hikmah angka tiga, Cinta dumateng Allah niku sampun final, ampun ngantos cinta kita dumateng makhluk ngalahaken raos cinta dumateng Allah. Bilih ing sak lebetipun diri manungsa wonten ati, akal, lan hawa nafsu. Hawa nafsu condong dumateng perkawis-perkawis ingkang sifatipun materi kados bandho dunyo, rojo bondho lan lintu-lintunipun. Sedaya niku wahu mengarah dumateng kepuasan lan kemareman pribadi, sahingga kita dipun emutaken dening Allah wonten ing surat Al-Kahfi ayat 46:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

ٱلْمَالُ وَٱلْبَنُونَ زِينَةُ ٱلْحَيَوٰةِ ٱلدُّنْيَا ۖ وَٱلْبَٰقِيَٰتُ ٱلصَّٰلِحَٰتُ خَيْرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلًا

Artosipun: Rojo bondho lan putra putri iku mung pepaes urip ing ngalam dunyo, lan amal-amal sholih kang langgeng iku luwih bagus ganjarane tumrap Pangeran iro lan luwih bagus kanggo diarep-arep (Q.S Al-Kahfi: 46).

Saking ayat ing inggil, cetho sanget bilih putra putri lan rojo bondho punika lambang kemareman dunyo, ingkang tansah dipun gandrungi dening para manungso. Kamongko, hakikatipun putra putri lan rojo bondho punika dados alat ingkang dipun ginaaken dening Allah kagem nguji ketakwaan lan keimanan para manungso. Allah dawuh wonten surat Al-Anfal ayat 28:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَٱعْلَمُوٓا۟ أَنَّمَآ أَمْوَٰلُكُمْ وَأَوْلَٰدُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ ٱللَّهَ عِندَهُۥٓ أَجْرٌ عَظِيمٌ

Artosipun: Pada weruho sira kabeh sak temene bondho-bondho lan anak-anak sira kabeh iku dadi ujian, lan sak temene ana ing ngarsanipun Allah ana ganjaran kang gedhe (Q.S. Al-Anfal: 28)

Ayat punika ngemutaken dumateng kitho sedaya, ampun ngantos ketakwaan lan keimanan luntur gara-gara sibuk pados dunia lan ngragati kang putro.

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Hikmah angka sekawan, mencetak generasi ingkang sholih sosial lan spiritual. Visi pendidikan Nabi Ibrahim punika mencetak generasi ingkang sholih, yaiku اَلْقاَئِمُ بِحُقُوقِ اللهِ وَحُقُوْقِ عِبَادَة generasi ingkang nglampahi hak-hak Allah kalian makhluk. Kados dunganipun Nabi Ibrahim:

رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ

Artosipun: Ya, Allah, Panjenengan paringi kula putra ingkang sholih.

Komitmen Nabi Ibrahim kokoh sanget anggenipun didik ingkang putra supados dados putra ingkang sholih. Nabi Ibrahim selalau tangklet dumateng putrane “Nak, apa sing sira sembah, mbesuk yen Aku wus ora ana?” Nabi Ibrahim mboten tangklet, “Nak, apa sing sira pangan, mbesuk yen Aku wus ora ana?”

Mangga, kula lan panjenengan niru nopo ingkang cita-citakan Nabi Ibrahim, ampun ngantos kita namung kuatir dumateng kesuksesan putra-putri kita ing dunia kemawon, ananging kesuksesan akhiratipun kedah kita kuatosaken.

اَللهُ اَكْبَرُ – اَللهُ اَكْبَرُ- اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Ingkang terakhir, bilih peringatan Idul Adha lan kisah penyembelihan Nabi Ismail menika perlu sanget wosal wasul dipun kumandangaken, saperlu ngemutaken umat Islam sedaya, bilih mbangun ketaatan, kesabaran lan keikhlasan ing ndalem ngleksanaaken sedaya perintah Allah menika penting sanget.

Pramila, ampun ngantos anggadahi raos mamang utawi ragu-ragu sak cuil kemawon ing ndalem ngelaksanaaken perintahipun Allah. Keranten sedoyo perintah Allah niku mesiti mbeto kemanfaatan, kesahenan, sahe kagem diri pribadi, keluarga, masyarakat, nusa lan bangsa.

Makaten khutbah ingkang sage kulo aturaken, mugi-mugi kita sedaya termasuk golongan kawulanipun Allah ingkang taat lan tunduk dumateng sedaya perintah-perintahipun, lan saged nilar sedaya larangan-laranganipun Allah Swt. Amin 3x, Ya Rabba al ‘Alamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْن.. وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى عِبَادِه الصَّالِحِيْن. أَعُوذُ بالله من الشَّيْطَانِ الرَّجِيم ِانَّا اَعْطَيْنَاكَ اْلكَوْثَر ، فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ ، اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ اْلاَبْتَر

وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْن

الخطبة الثانية

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ

فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ ، وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللّهُمَّ اَعِزِّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَاَعْلِ جِهَادَهُمْ بِالنَّصْرِ الْمُبِيْنَ. وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ الظَّالِمِيْنَ. وَاكْفِنَا شَرَّ الْمُنَافِقِيْنَ. وَسَلِّمْنَا مِنْ مَكَايِدِ الشَّيَاطِيْنَ.

اَللّهُمَّ رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِباَدَ الله ، إنّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ ، وَإيتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْن ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْاهُ مِنْ فَضْلِهِ ، يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ الله أَكْبَر

Itulah khutbah Idul Adha 2022 bahasa Jawa tentang meneladani iman dan taqwa Nabi Ibrahim AS.

 
Editor: Apriani Alva

Tags

Terkini

Terpopuler